Contoh Teks Pranatacara
contoh teks pranatacara
1. contoh teks pranatacara
Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat kados temanten, kesripahan, dinas, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, pentas lan sapiturutipun. Anggenipun tumindak dados pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkang wonten ing tata cara pranata adicara. Pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkang dipunwastani 4W, kang isinipun : Wiraga, Wicara, Wirasa, Wirama.
Pranatacara dalam bahasa Indonesia adalah pembawa acara atau MC (master of ceremony)
PembahasanTuladha teks pranatacara kagem acara purnawiyata sekolah.
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabaarakaatuuh
Bapa Kepala SMA 1 Sekar ingkang kinurmatan.
Bapa / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati.
Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan lan kasarasan saengga kula lan panjenengan sedaya saget kempal wonten ing papan punika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan adicara ing enjing niki, inggih punika :
1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMA 1 Sekar
6. Panutup
Adicara kaping setunggal inggih punika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan Al- Fatihaah sesarengan.
Matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih punika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih punika pentas seni hadrah saking kelas X lan kelas XI, kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika atur pangandikan saking Kepala SMA 1 Sekar. Dhumateng Bapa Kepala Sekolah, kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih punika Panutup. Mugi - mugi acara kita punika saget dados kenang - kenangan lan barokah. Monggo kita pungkas adicara ing siang punika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabilln 'alamin.
Bapa Ibu lan tamu undangan, sasampunipun adicara punika, kulo ingkang tumindak pranata adicara ing enjing dugi siang punika, mbok bilih wonten klenta - klentu anggenipun matur kulo nyuwun pangapunten samudraning pangaksami dumatheng panjenengan sedoyo. Matur suwun. Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuuh.
Pelajari lebih lanjut1. Materi tentang pranatacara https://brainly.co.id/tugas/9256259
2. Materi tentang teks pranatacara https://brainly.co.id/tugas/18844168
-----------------------------
Detil jawabanKelas : X
Mapel : Bahasa Daerah (Jawa)
Bab : Pranatacara
Kode : ---
2. contoh teks pranatacara singkat
Jawaban:
Teks Pranatacara Bahasa Jawa Untuk Temanten
Penjelasan:
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, inkang dahat sakalangkung pono ing pamawas, miwah lebdo ing pitutur, ingkang satuhu kinabekten, sinartan pindundhi ing akrami.
Datan katalumpen kunjuk ing Paduka, sagung para pengemban pengembating projo, ingkang satuhu minongko dadyo pangayomaning para kawula dasih kaswasih, ingkang dahat kinurmatan.
Dumateng Bapak/Ibu tamu sinedhahan kakung sumawono putri ingkang hanggung hamastuti dumateng pepoyaning kautaman, ingkang satuhu sinugoto satataning pakurmatan.
Linangkung dumateng para darahing budoyo ingkang satuhu kuntap kautamanipun, kinaryo memardi mardawaning kang budyo luhur.
Assalamu’alaykum Wr.Wb.
Panjenganipun para pinisepuh sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan samudayanipun, ingkang dahat mahambeg sadhu ing budi, sinartan netepi darmaning sasomo.
Kinaryo hamurwani jatining pahemanan pahargyan prasojo, daupnyo sri kabahargyo Roro Ayu (…..) dalasan Bagus (…) pinardi purwo-madyo-wusono, hantuk’o jatining karahayon.
Tan kendat handiko sadarum, kawulo derekaken ngunjukaken raos suko dalasan syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun ngluberaken menggah sedoyo nikmat peparingipun mring handiko sedoyo.
Metemah ing swasono puniko, Bapak/Ibu sadarum kanthi nir ing sambikolo, lulus mulyo manggeh raharjo, waget rawuh ing pehemanan, paring panjurung donga pangestu, daupnyo sri kabahargyo manten sarimbit.
Sholawat dalasan salam dening Ngarso Dalem Gusti Alloh SWT, pinaringno dumateng junjungan Kito, kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah sedoyo keluarganipun, shohabatipun, penderekipun sarto umatipun nagntos puputing jaman samangkeh. Aamiin.. Aamiin..Aamiin.. ya Robbal’alamin.
Amit-amit paliman tabik sinabetno ing iloduni, dumawahing tawang towang myang sapu siko dendaning Hyang Kawoso.
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, ing hanggung pinundhi ing akrami.
Sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan ingkang dahat kinurmatan.
Binarung panglik ing waranggono, kalilalono kawulo nedyo hangaturaken jatining rantaman pahargyan prasojo, daupnyo temanten sarimbit.
muga-muga migunani lan migunani:)
ayo sinau kanthi tenanan bangsa mbesuk;)
matur nuwun:)
3. contoh teks pranatacara aqiqah
Politik Etis atau Politik Balas Budi adalah suatu pemikiran yang menyatakan bahwa pemerintah kolonial memegang tanggung jawab moral bagi kesejahteraan pribumi . Pemikiran ini merupakan kritik terhadap politik tanam paksa.
Munculnya kaum Etis yang di pelopori oleh Pieter Brooshooft (wartawan Koran
De Locomotief) dan C.Th. van Deventer (politikus) ternyata membuka mata pemerintah kolonial untuk lebih memperhatikan nasib para pribumi yang terbelakang.
Pada 17 September 1901 , Ratu
Wilhelmina yang baru naik tahta menegaskan dalam pidato pembukaan Parlemen Belanda, bahwa pemerintah Belanda mempunyai panggilan moral dan hutang budi (een eerschuld) terhadap bangsa pribumi di Hindia Belanda. Ratu Wilhelmina menuangkan panggilan moral tadi ke dalam kebijakan politik etis, yang terangkum dalam program Trias Van deventer yang meliputi:
1. Irigasi (pengairan), membangun dan memperbaiki pengairan-pengairan dan bendungan untuk keperluan pertanian
2. Emigrasi yakni mengajak penduduk untuk bertransmigrasi
3. Edukasi yakni memperluas dalam bidang pengajaran dan pendidikan
4. Teks pranatacara yaiku
Teks pranatacara yaiku wacana tata urutan acara adalah wacana tata urutan itu.
5. Contoh teks pranatacara bahasa jawa tentang rapat komite tentang spp?
Jawaban:
Jawaban tersertifikasi mengandung isi yang handal, dapat dipercaya, dan direkomendasikan secara seksama oleh tim yang ekspert di bidangnya.
Penjelasan:
6. Contoh teks pranatacara gimana ya, makasih ✌
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.Mugiya kawilujengan lan kasarasan saking ngarsa dalem Gusti Alloh tansah rumentah kajiwa kasalira dhumateng kula lan panjenengan sami. Aamiin.Ibu Kepala Sekolah ingkang dhahat kinormatan,Bapak, Ibu Guru saha karyawan-karyawati SMA N 1 Wates ingkang pantes kacaosan raos ing pakurmatan.Rencang-rencang kelas 12 ingkang kula tresnani.Nuwun sewu keparenga, kula wonten ing mriki supados ndherekaken lampahipun titilaksana Perpisahan Kelas 12 SMA N 1 Wates ingkang mapan wonten aula SMA N 1 WatesNamung saderengipun kula nglajengaken atur kula sumangga kula lan panjenengan sami ngaturaken puji syukur dhateng ngarsa dalem Gusti Alloh ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan saha hidayah, ing satemah kula panjenengan sami saged makempal wonten mriki kanthi kebak ing kawilujengan. Ing salajengipun keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning titilaksana ingkang badhe kalampah.Ingkang sepisan PambukaAngka kalih talanging atur saking kelas 10, 11Kaping tiga talanging atur saking kelas 12Kaping sekawan pambagya saking ibu kepala sekolahKaping gangsal pentas seniIngkang pungkasan PanutupSumangga kita lumebet titilaksana ingkang sepisan inggih menikaPambuka, sumangga kanthi wosan basmalah kula dherekaken “Bismillahirrohmanirrohimi “ Kalajengaken titilaksana angka kalih inggih menika :talanging atur saking kelas 10, 11, dhateng panjenenganipun ......................kasumanggakaken.Mekaten titilaksana angka kalih sampun paripurna, ngaturaken gunging panuwun dhateng .......................Lumebet Titilaksana ingkang angka tiga inggih menika: talanging atur saking kelas 12dhateng penjenenganipun ...................kasumanggakaken.Mekaten titilaksana angka tiga sampun paripurna, ngaturaken gunging panuwun dhateng .......................Titilaksana kaping sekawan pambagya saking ibu kepala sekolah,dhumateng panjenenganipun ibu ................................kasumanggakaken.Mekaten menggah wedharing atur saking panjenenganipun ..............................., ingkang menika ngaturaken gunging panuwun.Sumangga dipunlajengaken titilaksana kaping gangsal inggih punikapentas seni. Sagung para lenggah, menapa dene wasana sampun lumampah kanthi rancak, sumangga kantun titilaksana pungkasan inggih menikaPanutup.Mangga pepanggihan menika lajeng dipun tutup kanthi waosan hamdalahkula dherekaken “ Alhamdulillahirrobbil ‘alamin” Semanten lan mekaten anggen kula ndherekaken runtuting titilaksana menika , kathah lepat nyuwun pangapunten.Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
semoga membantu:)
7. contoh teks pranatacara pengajian mulud nabi
Contoh teks pranatacara pengajian mulud nabi
Assalamualaikum wr wb
Ingkang kulo hormati, bapak kepala sekolah, pak guru, bu guru lan rencang-rencang ingkang kulo hormati.
Alhamdulillah kita sedaya diparingi sehat lan iman taqwa saking Alloh SWT. Alhamdulillah dinten niki kita sedaya saged kempal sareng-sareng teng aula sekolah kangge pengajian maulid nabi. Bapak, Ibu lan rencang-rencang ingkang kulo hormati, pertama-pertama ijinkan kulo, pranatacara bade maosaken sususan adicoro dinten iki.
Adicara setunggal, pembukaan saking Ibu kepala sekolahAdicara nomer kalih, pengajian saking Bapak KH Amin HusenAdicara nomer telu, doa lan penutupMonggo langsung kita sedaya nyimak adicoro nomer setunggal yaiku pembukaan saking kepala sekolah.
Matur nuwun kangge Ibu kepala sekolah ingkang sampun mbuka acara pengaosan maulid nabi. Ingkang nomer kalih, monggo sareng-sareng kita sedaya nyimak pengaosan ingkang diisi KH Amin Husen.
Alhamdulillah adicoro-adicoro sampun kita lewati, monggo setunggal malih adicoro pamungkas, yaiku pengaosan doa lan penutup ingkang badhe dipimpin malih teng Bapak KH Amin Husen.
Mboten terasa, acara pengajian maulid nabi sampun kita lampahi, kulo lan panitia pengajian maulid nabi nyuwun pangapunten mbok teng dalam adicoro wonten kekurangan lan kalepatan.
Wassalamualaikum wr wb.
Pembahasan :
Pranatacara adalah salah satu bagian dari acara, pranatacara biasanya ada di sebuah acara formal. Pranatacara akan memandu dan memipin jalannya sebuah acara. Dengan demikian, acara dapat berjalan dengan lancar dan sesuai rencana.
Pelajari lebih lanjut
Materi tentang contoh pidato dalam bahasa jawa https://brainly.co.id/tugas/539627
Materi tentang pidato perpisahan dalam bahasa jawa https://brainly.co.id/tugas/2928456
Materi tentang sambutan dalam bahasa jawa https://brainly.co.id/tugas/2140872
Detail jawaban
Kelas : 10
Mapel : B.Daerah
Bab : Bahasa Jawa- Membuat Pidato
Kode :
#AyoBelajar
8. contoh teks pranatacara manten bahasa jawa singkat?
Contoh teks pranatacara manten bahasa jawa singkat:
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Mugi-mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahipun Allah SWT
Keluarga Penganten Putri ingkang kinurmatan,
Dhumateng para rawuh ingkang kinurmatan, saha mboten kesupen para tamu undangan ingkang kinurmatan.
Langkung rumiyin sumangga kita ndedonga saha muji syukur wonten ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta'ala ingkang sampun paring kanugrahan, limpahan rahmat, taufik saha hidayahipun.
Supados kita saged makempal wonten ing papan menika kanthi sehat wal afiat saperlu ngrawuhi manten antawisipun ........ kaliyan sederek.......
Kula minangka pembawa acara badhe maos jadwal acara enjing menika.
Salam Waosan Qur'an (kanggo Muslim)Prosesi tanggap warsa kakungProsesi serah terima jabatan saking keluarga calon penganten kakungMutiara kawicaksanan utawa pitutur bebrayanPanutup lan dongaAdicara salajengipun inggih menika waosan ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun waos dening sedherek (nama). Kanggo sampeyan (jeneng), sugeng rawuh.
Waosan Al-Qur'an sampun paripurna, dumateng panjenengan (asmi), matur nuwun..."
“Mlebet ing adicara ingkang kaping tiga inggih menika sambutan saha pasrahaken saking keluarga penganten putri dhateng keluarga calon penganten kakung, ingkang badhe kaaturaken dening bapak (nama).
"Iki salam saka bapak (jeneng), kanggo bapak (jeneng) matur nuwun ... "
Acara salajengipun inggih menika resepsi saking pihak penganten kakung. Sambutan ingkang badhe dipun aturaken dening bapak (jeneng), dhumateng bapak (jeneng) dipun tampi.
Mekaten sambutan saking kaluwarga penganten kakung, dhumateng bapak (asma), ngaturaken agunging panuwun. Kanthi mekaten kita sampun mirsani kanthi tliti adicara pasrahaken kalih kaluwarga penganten kakung. Sumangga sesarengan ndonga mugi-mugi penganten kekalih pikantuk rahmat saha barokah saking Allah SWT...."
“Saiki kita teka ing program kaping lima, yaiku siraman spiritual utawa pitutur nikah sing bakal diwenehake dening bapak (jeneng).
Sawise kegiatan reresik spiritual rampung. Salajengipun sambutan ingkang kedah dipun aturaken minangka MC inggih menika "Dhumateng bapak (asma) ingkang kinurmatan. Kawulo aturaken matur nuwun. Mugi-mugi siraman rohani menika saged paring paedah kangge penganten kakung saha kita sedaya..."
“Para rawuh ingkang minulya, saha para tamu undangan ingkang bingah, sampun rawuh wonten ing adicara ingkang pungkasan, adicara sasampunipun adicara sampun lumampah kanthi lancar, sakmenika sampun dumugi ing pungkasaning adicara inggih menika panutup lan donga.
Ingkang kinurmatan Bp (asma), sumangga adicara ditutup kanthi waosan donga. Dhumateng bapak (asma), sugeng rawuh."
Saklajengipun matur, “matur nuwun dumateng bapak (asma), mugi-mugi donga ingkang sampun katur dening Allah SWT....”
PembahasanPranatacara atau pembawa acara adalah orang pertama yang berbicara saat menyelenggarakan suatu acara. Struktur teksnya erdiri dari lima komponen: Sambutan Pembuka, Purwaka, Isi, Wasana dan Sambutan Penutup.
Pelajari lebih lanjutMateri tentang teks pranatacara manten bahasa jawa singkat https://brainly.co.id/tugas/15315579Materi tentang teks pranatacara https://brainly.co.id/tugas/6281090Materi tentang pranatacara https://brainly.co.id/tugas/9256259Detail jawabanKelas : 9 SMP
Mapel : Bahasa Daerah
Bab : 3 - Pranatacara
Kode: -
#TingkatkanPrestasimu #SPJ3
9. contoh teks pranatacara pasrah temanten
contohnya rela berkorban demi dia adalah berbohong,mencuri,dan dll
maaf klo lah
10. contoh teks pranatacara ulang tahun smp
Pranatacara Ambal Warsa Sekolah
Assalamualaikum.wr.wb
Kepareng dhumateng Bapak Kepala SMA N 1 Sewon ingkang dahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru, karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI saha XII ingkang kula tresnani.
Sumangga ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku puji miwah puji syukur dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah pengestu dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga saged kempal manunggal wonten ing papan menika.

Salajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinonce :
1. Purwaka
2. Atur Pambagyaharja
3. Atur Pangandikan saking Ketua Osis
4. Atur Pangandikan saking Kepala Sekolah
5. Dhahar sesarengan
6. Ndonga sesarengan
7. Wasana
Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan, salajengipun kesekecakaken lenggah dumugi paripurnaning adicara.
Ingkang kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara menika dening waosan basmalah. Kula ndherekaken. Matur nuwun, dhumateng panjenengan sedaya amargi sampin kersa purwakani adicara menika dening waosan basmalah.
Salajengipun atur pambagyaharja saking Kasiswaan Bapak Bambang Utoro. Bapak Bambang Utoro kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Bmbang Utoro ingkang sampun kersa atur pambagyaharja.
Salajengipun, atur pangandikan saking Kang Mas Muhammad Aly Said minangka Ketua Osis. Kang Mas Said kula sumanggakaken. Matur nuwun dening Kang Mas Said ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.
Salajengipun, atur pangandikan saking Bapak Joko minangka Kepala Sekolah. Bapak Joko kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Joko ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.
Salajengipun, mangga panjenengan sedaya dhahar wonten Aula SMA N 1 Sewon.
Salajengipun, mangga kita lan panjenengan sedaya ndonga sesarengan ingkang badhe dipundhereaken dening Bapak Sumarsono. Bapak Sumarsono, kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Sumarsono, amargi sampun ndherekaken ndonga sesarengan menika.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan.
Sumangga kita pungkasi adicara menika dening waosan hamdallah. Kula ndherekaken. Matur nuwun.
Wassalamualaikum.wr.wb
semoga bermanfaat,,mohon maaf apabila ada kesalahan
11. contoh teks pranatacara dalam bahasa jawA
Jawaban:
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, inkang dahat sakalangkung pono ing pamawas, miwah lebdo ing pitutur, ingkang satuhu kinabekten, sinartan pindundhi ing akrami.
Datan katalumpen kunjuk ing Paduka, sagung para pengemban pengembating projo, ingkang satuhu minongko dadyo pangayomaning para kawula dasih kaswasih, ingkang dahat kinurmatan.
Dumateng Bapak/Ibu tamu sinedhahan kakung sumawono putri ingkang hanggung hamastuti dumateng pepoyaning kautaman, ingkang satuhu sinugoto satataning pakurmatan.
Linangkung dumateng para darahing budoyo ingkang satuhu kuntap kautamanipun, kinaryo memardi mardawaning kang budyo luhur.
Assalamu’alaykum Wr.Wb.
Panjenganipun para pinisepuh sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan samudayanipun, ingkang dahat mahambeg sadhu ing budi, sinartan netepi darmaning sasomo.
Kinaryo hamurwani jatining pahemanan pahargyan prasojo, daupnyo sri kabahargyo Roro Ayu (…..) dalasan Bagus (…) pinardi purwo-madyo-wusono, hantuk’o jatining karahayon.
Tan kendat handiko sadarum, kawulo derekaken ngunjukaken raos suko dalasan syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun ngluberaken menggah sedoyo nikmat peparingipun mring handiko sedoyo.
Metemah ing swasono puniko, Bapak/Ibu sadarum kanthi nir ing sambikolo, lulus mulyo manggeh raharjo, waget rawuh ing pehemanan, paring panjurung donga pangestu, daupnyo sri kabahargyo manten sarimbit.
Sholawat dalasan salam dening Ngarso Dalem Gusti Alloh SWT, pinaringno dumateng junjungan Kito, kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah sedoyo keluarganipun, shohabatipun, penderekipun sarto umatipun nagntos puputing jaman samangkeh. Aamiin.. Aamiin..Aamiin.. ya Robbal’alamin.
Amit-amit paliman tabik sinabetno ing iloduni, dumawahing tawang towang myang sapu siko dendaning Hyang Kawoso.
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, ing hanggung pinundhi ing akrami.
Sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan ingkang dahat kinurmatan.
Binarung panglik ing waranggono, kalilalono kawulo nedyo hangaturaken jatining rantaman pahargyan prasojo, daupnyo temanten sarimbit.
Mininongko purwaning pahargyan, pasrahing ponang sarono upokarti salaki rabi. dalasan pasrahing sekar tunjung seto dening baroyo agung kadang besan kinasih Bapak (…) sekalian garwo.
Rantaman ingkang kaping kalih (kadwi), atur panampi.
Titilaksono ingkang ongko tiga, dupi roro ayu (…) wus mangagem busono edi lir putraning narpati, doyo-doyo kalenggahaken ing sasono pinajang.
Rantaman ingkang ongko sekawan, upocoro panggih temanten.
Titilaksono ingkang ongko gangsal, atur sinambromo astuti, yo pambagyo harjo yuwono basuki rahayu.
Kashdo, sabdo tomo (ular-ular).
Dene kang kaping pitu, bodoling pahemanan.
12. contoh teks pranatacara bahasa jawa singkat?
Jawaban:
Sugeng siyang~
Bapak-bapak, Ibu-ibu warga Dhusun Makmur ingkang dahat kinurmatan. Puji sukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, jalaran kita tansah pinaringan rahmat, taufik, saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan menika kanthi sehat walafiat lan rahayu wilujeng.
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinurmatan.
Bombong raosing manah kula, dene ing adicara rapat koordinasi kangge nyiapaken kagiyatan pameran Usaha Kecil Menengah (UKM) menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-mugi menapa ingkang kita rancang sesarengan kalampahan kanthi lancar.
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinurmatan.
Ancas utawi tujuwan pepanggihan samenika kangge ngrancang adicara pameran. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun. Lajeng prodhuk unggulan menapa ingkang badhe dipunpameraken. Ingkang baku, prodhuk unggulan kedah ingkang dados ciri khas Dhusun Makmur ngriki. Mangga Sabibaripun kula matur, kita kempal miturut seksi-seksi ingkang sampun kasusun. Minangka ketua panitia, kula gadhah pangajab adicara ing enjing menika ngasilaken kaputusan ingkang sae.
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinurmatan.
Mbok bilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Matur nuwun~
Penjelasan: maaf klo terlalu panjang :*
Jadikan jawaban yg terbaik y, pliiiiiisss ~
13. contoh teks pranatacara sederhana tema sekolahsecepatnya ya!!
Jawaban:
Tuladha teks pranatacara kagem acara purnawiyata sekolah.
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabaarakaatuuh
Bapa Kepala SMA 1 Sekar ingkang kinurmatan.
Bapa / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati.
Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan lan kasarasan saengga kula lan panjenengan sedaya saget kempal wonten ing papan punika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan adicara ing enjing niki, inggih punika :
1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMA 1 Sekar
6. Panutup
Adicara kaping setunggal inggih punika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan Al- Fatihaah sesarengan.
Matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih punika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih punika pentas seni hadrah saking kelas X lan kelas XI, kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika atur pangandikan saking Kepala SMA 1 Sekar. Dhumateng Bapa Kepala Sekolah, kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih punika Panutup. Mugi - mugi acara kita punika saget dados kenang - kenangan lan barokah. Monggo kita pungkas adicara ing siang punika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabilln 'alamin.
Bapa Ibu lan tamu undangan, sasampunipun adicara punika, kulo ingkang tumindak pranata adicara ing enjing dugi siang punika, mbok bilih wonten klenta - klentu anggenipun matur kulo nyuwun pangapunten samudraning pangaksami dumatheng panjenengan sedoyo. Matur suwun. Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuuh.
Penjelasan:
14. Contoh teks pranatacara ngenggeni griya anyar
pranatacara yaiku wong sing nduweni tugas nata acara.
15. rangkuman teks pranatacara
Penjelasan:
Pangerten Pranatacara
Pranatacara yaiku wong sing nduweni tugas nata acara.
Perangan teks pranatacara
1. Salam pambuka
2. Atur puji syukur
3. Sapa aruh / atur pakurmatan lan panuwun
4. Ancasing gati (isine / intine)
5. Panutup
6. Salam panutup
Pahargyan pranatacara
1. Palakrama (pernikahan)
2. Ambal warsa (ulang tahun)
3. Kepaten (kematian)
4. Mitoni (7 wulan)
5. Tedhak siten (7 wulan)
6. Reuni
7. Adhicara tujuh belasan
8. Perpisahan
9. Khitanan
10. Lsp.
Sangunipun pranatacara
1. Sangu pokok
a) Olah swara
· Logat
· Pocapan (kejelasan suara)
· Napas
· Tegas
· Cetha (artikulasi)
· Boten blero / bindheng
· Membat-mentuling swanten (irama)
· Kajiwa (dihayati)
b) Olah bab sastra
· Ada-ada
· Panyandra
· Paribasan
· Pepindhan
· Wangsalan
· Lsp.
2. Sangu tambahan
a) Magatra (patrap wajar)
b) Malaksana (luwes)
c) Mawastha (jejeg)
d) Maraga (mantep)
e) Malagawa (enthengan)
f) Matanggap (tanggap swasana)
g) Mawat (ngentasi karya)
3. Sangu panyengkuyung
a) Mental (ora grogi)
b) Pawiyatan (kegiyatan)
c) Gladhen (latian)
d) Pangrengga swara (piranti musik)
e) Ketewajuhan (saged ngrampungake pahargyan kanthi ngremenake)
f) Kasamaptaan (kesehatan)
g) Mitra pembayutan (kancanen)
maaf klo
Jawaban:
Pangerten Pranatacara
Pranatacara yaiku wong sing nduweni tugas nata acara.
Penjelasan:
semoga bermanfaat
maaf kalau salah
Posting Komentar untuk "Contoh Teks Pranatacara"